REJEKI NDONYA IKU WES ONO TAKERANE SING PENTING KABEH DISYUKURI BEN BERKAH

Ono Takerane

Simbok : "Piye nduk dodolanmu?"
Anak. : "Sepi mbok... ming payu limo."

Simbok : "Anakmu sehat nduk? Bojomu piye kabare?"
Anak : "Alhamdulillah mbok sehat kabeh, pangestune simbok sama pak'e. Tapi saiki lagi lesu mbok dino iki payon ming limo."

Simbok : "Sing akeh syukur lan memujimu nduk, rejeki bondho kui wes ono takerane."
Anak. : "Hallah.... kae lho mbok, yu painem le dodolan larise nemen."

Simbok : "Utangmu piye nduk?"
Anak. : "Alhamdulillah sampun lunas mbok."

Simbok : "Anakmu gek sok sumeng pora nduk?"
Anak : "Pangestune mbok, hawane koyo kiye bocah sehat bergas waras."

Simbok : "Maem e enak?"
Anak : "Alhamdulillah mbok doyane pol le maem, mau njaluk ayam bakar. Bapakne yo bar tumbas martabak... Mreneo to mbok rame-rame."

Simbok : "Yo kui nduk jenenge rejeki, siro nyawang kiwo tengen kayane laris byak-byuk. Gusti Alloh wes naker rejekimu kabeh. Wingi kui anake Yu Painem loro nganti pirang-pirang dino, ra doyan mangan.... mlebu RS.... tagihane nganti adol motor ora cukup. Ndilalahe omahe yo bola-balik diparani deb kolektor. Rame ne dagangane yu painem kae ancen lagi diparingi dalan karo Gusti Alloh, diparingi jalan cukup. Awakmu tak sawang yo ra kekurangan, malah luih ayem seko Yu Painem. Mulane welinge simbok. Diakeh-akehi anggonmu bersyukur, adoh seko iri dengki."
Anak : "Astaghfirullah... Njih mbok.... Kulo klentu."

Simbok : "Mulakno angger e nyawang ojo karo merem, raketok padhang. Isine peteng nek merem."
Anak : "Nubruk-nubruk mbok nek karo merem."

Simbok : "Sesuk reneo nduk, simbok sesuk panen pelem karo arep nyembeleh dere. Siro nggowo awak wae. Pakmu bar mbedhul budin sawah lor kae...."
Anak : "Ya Alloh ya Robb...pangandikane simbok ancen bener... Gusti Alloh paring rejeki wujud bondho donya ancen ono takerane."

Alhamdulillah diparingi simbok sing jembar pikire....
Alhamdulillah alhamdulillah...
Sumber status fb, penulis asli ora weruh, mugo dadi amale penulis asline yen iso manfaat kanggo liyane.

Popular posts from this blog

Daftar Nama Obat Untuk Penyakit Hewan Ternak Dan Dosis Pemakaiannya

Perbedaan Antara Umur Dewasa Kelamin dan Dewasa Tubuh Ternak, Umur Berapa Siap Dikawinkan?

JEMBATAN KELEDAI